Senin, 06 OKTOBER 2025 • 09:00 WIB

Sega Tiwul, Panganan Sederhana kanthi Roso Khas Ndesa Jawa Tengah

Author

Sega tiwul khas Jawa Tengah kasuguh lengkap karo tempe, tahu goreng, sambel teri, lan oseng godhong pepaya, (Youtube/@dapurmaskamtogulagaram)

JATENG - Sega tiwul, panganan khas saka bahan ketela pohung, saiki bali dadi sorotan amarga rosone sing sederhana nanging tetep ngenyangke.

Panganan iki biyasane disajikake karo lawuh kaya tahu, tempe, iwak asin, jengkol goreng, sambel teri, nganti oseng godhong pepaya. Campuran roso gurih, asin, pedhes, lan sethithik pait saka godhong pepaya nggawe nikmate luwih istimewa kanggo sing mangan.

Baca juga: Sega Koyor, Panganan Legendaris Semarang sing Tansah Lestari Lintas Generasi

Sega tiwul misuwur ing tlatah Jawa sisih kidul, utamane ing daerah Ngapak kayata Kebumen, Banyumas, Purwokerto, lan Banjarnegara. Mbiyen, panganan iki kerep dadi sega saben dina masyarakat ndesa. Nanging saiki, tiwul saya arang ditemokake lan luwih asring muncul nalika kumpul kulawarga utawa acara bebarengan.

Saliyane ngenyangke, sega tiwul uga nggawa ajining budaya sing kuwat. Panganan iki identik karo kesederhanaan lan kehangatan khas pedesaan Jawa Tengah.

Baca juga: Babat Gongso, Panganan Legendaris Saka Semarang Kanthi Sentuhan Budaya Tionghoa

Saiki, senadyan wis dianggep arang, sega tiwul tetep dadi bagean saka identitas kuliner tradisional sing kudu dilestarikake. Saben suapan tiwul kaya nggawa nostalgia jaman mbiyen lan ngiket maneh rasa kebersamaan ing meja panganan.

Dilarang mengambil dan/atau menayangkan ulang sebagian atau keseluruhan artikel di atas untuk konten akun media sosial komersil tanpa seizin redaksi

Sumber: Youtube/@dapurmaskamtogulagaram

TERPOPULER
TAG POPULER
BERITA TERKAIT
BERITA TERBARU